PARIKAN PERJUANGAN



Abang-abang ora legi.
Nek berjuang kudu ati-ati.

Korsi goyang sikile papat
Nek berjuang ojok golek pangkat.

Nontok wayang nang kelurahan
Lakone Permadi rabi
Nek berjuang jok wedi kangelan
Sangune mantepe ati

Mangan bikang gaweyane randha
Ayo berjuang ngusir wong Landa

Landa-landa wis ndang matia
Onok bedhil isine peluru
Randha-randha wis ndang rabia
Onok bedhidhing gak isa turu.

Rujak kanon pecelan mortir
Lalapane peluru karaben
Bareng katon nek kiwir-kiwir
Mok sayange bokonge sak amben

Pegupon omahe dara
Melok Nipon tambah sara

Lampu gaspon lengane kletik
Jaman Nipon larang dhuwik

Es gandhul taline merang
Cina gundhul gak wani perang

Lori dawa Cak, arane sepur
Njerone sepur onok kondektur
Timbang mati Cak, nang nduwur kasur
Luwih apik mati bertempur

Sapu tangan pojoke papat
Tak kumbah yo tak sikat
Pejuang ojok rebutan pangkat
Rakyat kabeh gak mufakat

Nang warung Cak, ngombea kopi
Godhong pupus buntele jajan
Tiap taun Cak, ayo diperingati
17 Agustusan Hari Kemerdekaan

Nabuh bedug ndukur langgar
Mangan kupat  dicampur gula
Kula ngludruk tasik belajar
Menawi lepat nyuwun ngapura.

(adriono.com)
Sumber ilustrasi: youtube.com



Previous
Next Post »